Home » Artikel » Hijau [tarjamah Ijo dari Blontank Poer]

Hijau [tarjamah Ijo dari Blontank Poer]


Nyenengaké tenan critané Kang Romi Satria Wahono ana satengahé acara oprokan, éh Amprokan Blogger nèng mBekasi. Aku lan kanca-kanca tukang ngeb-blog saka pirang-pirang kutha sing padha kemruyuk, olèh piwulang lan ilmu akèh kang maédahi. Awaké lemu, seneng gawé guyu, nanging katon banget yèn sugih ilmu.

Sangat menyenangkan cerita Kang Romi Satria Wahono pada acara oprokan, eh Amrpokan Blogger di Bekasi. Aku dan teman-teman blogger dari berbagai kota yang bergerombol, mendapat ilmu dan banyak sekali manfaatnya. Badannya gemuk, suka bikin tertawa tapi tetap kelihatan kalau kaya akan ilmu.

Sadurungé, dhèwèké crita yèn bingung kudu ngomong apa ana satengahé Amprokan Blogger. Panjaluké panitiya, Kang Romi kudu nggathukaké ijon-ijon marang donya blogging. Ijoné gudhangan genah énak, apa manèh yèn disambeli. Lha yèn sing dikarepaké babagan crita ijone Kutha mBekasi lumantar blog? Genah mumeté, ngremukaké polo!

Sebelumnya, dia cerita kalau sedang bingung harus bicara apa dalam acara Amprokan Blogger. Permintaan panitia, Kang Romi harus cerita tentang hijau-hijau dalam dunia dunia blog. Hijaunya makanan “Gudhangan” jelas enak, apalagi kalau diberi sambal. Lha kalau yang dimaskudkan tentang cerita Hijaunya Kota Bekasi karena Blog? Jelas bikin pusing, bikin pecah otak!

mBekasi wis kebacut kondhang dadi kutha sing ruwet. Ambané pabrik sajak mung kacèk sithik karo sing dadi papan ngéyupé wong sing rong yuta akèhé. Lha yèn kaya mangkono, pira wit-witan kang bisa ditandur, sing bakalé bisa ngresiki hawa, kang reged jalaran peluk pabrik lan bleduk saka lurung akèhé ora karuwan.

Bekasi sudah terlanjur terkenal sebagai kota yang rumit. Luas pabrik yang ada hanya selisih sedikit dibanding dengan tempat berteduh orang yang banyaknya sekitar dua juta orang. Kalau sudah begitu, berapa pohon yang bisa ditanam, yang akan bertugas untuk membersihkan udara yang kotor akibat polusi pabrik dan debu jalanan yang banyaknya tidak terihitung lagi.

Carané nggawé ijo royo-royo, sajaké ya bakal angèl temenan. Piyé bisa nandur wit pelem utawa blimbing kanggo éyup-éyup utawa bisa ngresiki hawa, yèn kanggo nandur kembang melati waé kudu ditandur ana po? Sing bisa dilakoni para blogger, ya mung kudu sregep ajak-ajak sedulur lan tangga teparo, sinambi bengok-bengok lumantar blog-é dhéwé-dhéwé.

Cara membuat hijau “royo-royo” kelihatannya ya akan sangat sulit. Bagaimana mau menanam pohon mangga atau belimbing untu peneduh atau untuk pembersih udara, kalau untuk nanam bunga melati saja harus dalam pot? Yang bsia dikerjakan oleh para Blogger ya hanya harus rajin mengajak saudara maupun tetangga, sambil tetap menyuarakan melalui blog masing-masing.

Ah, mbuhlah. Kaya Kang Romi, aku waé yang bingung yèn kudu nulis babagan siji iki. Ora kana ora kéné padha waé, ora gampang njagakaké pemerintah tekun mbangun. Bupati utawa walikota sing apik bebudèné bakal ora paédah yèn para punggawa lan nayakané isih wagu-wagu. Bupati/walikota mung limang tahun utawa sepuluh tahun paling suwé. Dadi, sing perlu didandani, salah sawijiné ya para pegawé birokrasi iku.

Ah, nggak tahulah. Seperti Kang Romi, aku juga bingung kalau harus menulis tentang hal yang satu ini. Tidak di sana tidak di sini sama saja, tidak mudah menggantungkan pemerintah untuk tekun membangun. Bupati atau Walikota yang bagus budinya tidak akan bermanfaat kalau para stafnya masih belum pantas [wagu=ora wangun]. Bupati/Walikota hanya lima tahun atau sepuluh tahun paling lama. Jadi yang perlu ditingkatkan mutunya ya semua pegawai birokrat itu.

Mas Romi isih mumet?

Mas Romi masih pusing?

+++

Tulisan ini dibuat agar teman-teman beBlog yang kurang fasih bahasa Jawa bisa memahami tulisan mas Blontank yang ada disini.

+++

+++
Penulis adalah Wakil Ketua BeBlog yang aktif juga di Komunitas Blogger Cikarang, blog pribadinya ada di "Kehangatan Blog Eshape".

Selain itu aktif juga dalam kegiatan Bisnis Kuliner Nasi Goreng maupun Mie Ayam SEHATI

Nick namenya Eko Eshape Print Artikel Ini Print Artikel Ini
Posted by eko sutrisno hp on Mar 8 2010. Filed under Artikel. You can follow any responses to this entry through the RSS 2.0. You can leave a response or trackback to this entry

Leave a Reply

Amprokan Blogger | Temu Blogger Nusantara


Amprokan Blogger

Sponsor

images-1

---

Member Be-Blog

Sudahkah Anda menjadi bagian dari Be-Blog?

Siapa saja yang sudah terdaftar?

Login

Login Anggota
Lost Password?

Shoutbox


Loading

WP Shoutbox
Name
Website
Message
Smile
:mrgreen::neutral::twisted::arrow::shock::smile::???::cool::evil::grin::idea::oops::razz::roll::wink::cry::eek::lol::mad::sad:8-)8-O:-(:-):-?:-D:-P:-o:-x:-|;-)8)8O:(:):?:D:P:o:x:|;):!::?:



Gabung di Milis Blogger Bekasi

Powered by Yahoo Groups

© 2010 Komunitas Blogger Bekasi. All Rights Reserved. Log in

Switch to our mobile site

- Designed by Gabfire Themes